( A )
Kaki Marta gawéni bata
Sing tukoni wong kota
Nggo mbangun umah, musholla, geréja uga panggonan nggo ngibadah nangalam ndunya.
Supaya mbésuk mati mlebu suwarga

( I )
Ibu Siti dodolan klambi, nang Pasar Désa Jeruk Legi, kasil dagang nggo mbiyayani,
Bocah ngaji, sekolah tekan perguruan tinggi.
Lewihané decéléngi
Nggo mbésuk lunga kaji maring tanah suci.

(U)
Kaki Ranu ngarahi watu
Tangané cokan kecapit Yuyu
Ningén tetep gemuyu, merga duwé bojo paling ayu sedésa Banjar Waru.
Umah-umah manak wolu
Ndridil kaya trewélu.

(E)
Nini Lentré dodolan lotré
Kulak ndéan adol jéré, ngapus-apus laré-laré
Mangkat bali ora weruh srengéngé.
Klalén sekabéhané, uga ngibadahé, anané kedhagar-dhagar pikirané
Krencalan penggalihé
Nggoléti gegayuhané.

Kaki gureng dadi tukang pantheng.
Mblantik sapi pedhét uga wedus meteng
Mangkat pasar ésuk peteng, guli tawa dagangan ngasi methentheng.
Kasil ngodhé kur nggo ngisi weteng.

( O )
Kaki Barno tukang nitori rongsok, mikul kandi abot mengkak mengkok,
Kadhang lérén, nyedhoprok kasilé kur nggo madhang thok.
Ora bisa tuku kathok apamaning rokok.

( A i u e o )
Wong urip sing penting gelem obah, rejeki ora bakal lira-liru, syukur deimbangi ngibadah, pasrah karo Gusti Alloh.
Mesti amanah, berkah.

A. Ayuh Inyong Rika padha
I. Ihtiyar njaluk maring sing kuwasa
U. Umur dawa tekan tuwa
E. Enggané mati khusnul khotimah
O. Olih hadiyah suwarga né Gusti Alloh.

Rawalo, 11.11.2020

Akhmad Mubarok

Guru neng SD Negeri 1 Cindaga Kebasen Banyumas.

Komentaré wong-wong

  1. tela iza koh Ru, dadi wong cilik ora ongkek ya ora nyekek, ngode awan kepengin mulya kudu rekasa, kepengin makmur kudu sregep lembur, sing penting A I U E O laaa, O – obah pokoke obah ngupaya sing temen kanti ati sing menep moga-moga rejekine mantep 👍

    Reply
  2. jossss , sing penting A I U E O laaa, O – obah pokoke obah ngupaya sing temen kanti ati sing menep moga-moga rejekine mantep 👍

    Reply

Mayuh dikomentari luur..