Dina Minggu wingi (19/09) nembé baé dianakna acara Nyapu Bumi neng Desa Panembangan, Kecamatan Cilongok.

Acara kiyé diprakarsai neng Komunitas Ziarah Makam & Situs Banyumas. Ana sekitar wong 20 sing mélu acara kiyé.

Koordinator acara, Kang Ricky Hendy, nyampékna déné acara Nyapu Bumi kelebu acara rutin sing dianakna 2 minggu sepisan.

Acara Nyapu Bumi diisi karo kegiatan nyapu lan resik-resik makam leluhur lan cagar budaya neng seputaran Kabupaten Banyumas. Pas acara wingi, sing diresiki yakuwé aréa Stana Dawa lan Situs Batur Cilongok.

Acara dilabuhi jam setengah siji, dimolaih sekang Stana Dawa. Neng Stana Dawa rombongan disambut neng Pak Léman selaku juru kunci. Pak Léman njelasna babagan sejarahé Stana Dawa, termasuk sosoké Sunan Kuning.

Nyapu Bumi, Ngresiki Bumi Ngresiki Ati 2

Kang Ricky uga nyritakna, angger dhéwéké wis kawit suwé “mlaku” lan nggawé kegiatan dhéwék sing jenenge Donasi Satu Makam Dua Sapu. Neng kono dhéwéké mlaku nggoléti makam lan petilasan, banjur ninggalna sapu loro neng saben nggon sing disinggahi.

Ditakoni filosofiné, dhéwéké njawab simpel:

“Biasané wong angger maring makam orientasiné urusan jejalukan. Nah neng acara kiyé dhéwék latian bareng nggo ngewéi, sedermané.”

Kang Ricky banjur njelasna kenangapa acarané jenengé Nyapu Bumi.

“Nyapu Bumi intiné ya cerminan awaké dhéwék. Bumi ya dhéwék, dhéwék ya bumi (asalé sekang bumi -red).

Nyapu bumi tegesé mayuh dhéwék sinau bersih-bersih awaké dhéwék.”

Nyapu Bumi, Ngresiki Bumi Ngresiki Ati 3

Latar belakang peserta acara Nyapu Bumi werna-werna, ana budayawan lan kalangan umum. Sing unik acara kuwé justru didominasi neng bocah-bocah enom. Ana sekitar pitu mahasiswa sekang Fisip Unsoed sing mélu.

Mituruté kang Ricky bocah-bocah mau mélu acara Nyapu Bumi dudu merga diajak, ning justru malah mereka sing ngejak.

Moga-moga anané bocah enom molaih gelem nguri-uri babagan budaya lan sejarah dadi pertanda apik nggo Banyumas maring ngarepé.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..