Manuk perkutut bola-bali manggung nang pang wit jati
Tawon mabur ngalor ngidul ngétan ngulon
Tétésané embun anyes kesénggol sikil
Godong-godong garing pada ambrol brol… brol… brol…

Kabéh wis dilarikna dening Gusti
Uwis uwis…… jan uwis temenan
Apa baé wis ditata
Menungsané baé…… sing gelem ngolah ngalih tatanané Gusti

Kayata Weton …rejeki…jodo… lan pati
Weton dina senén ora bakal ganti dina setu
Semut ora bakal ganti dadi sapi
Sikil panggonané nang ngisor ora nang duwur

Arep basa
Arep panganan
Arep kabudayan
Arep apa baé sing wis ditampa seka Gusti
Menungsa kari manut karo anané tatanané Gusti

Jawa bisa anggo cara jawa
Sunda bisa anggo cara sunda
Batak bisa anggo cara batak
Lan sakpituruté
Aja kebo dadi semut
Aja pitik dadi manuk
Ra genah dadiné

Dirasak-rasakna pancén ana sing nguja ngolah-ngalih
Lha wong wis ana andeng-andengé koh yaa…. malah dicolong
Ya dadi ora bisa aseli
Wis ana kawit mau-mau né
Kawit jaman bahola
Kawit sajroning kalbu
Kawit loh mahpud

Tulung aja mélu-mélu
Mengko ilang kabéh andeng-andengé
Ora ana aseliné
Mayuh didandadi maning
Mayuh

Alasbumi, awal Agustus 2021

Kang Zen

Aktifis sosial kemasyarakatan aseli Kebumen. Siki lagi "nyambi" dadi guru lan tenaga pengajar.

Mayuh dikomentari luur..