Dina Setu awan tanggal 19 Séptémber 2020 wantarané jam setengah sepuluh ésuk inyong, ibu karo kakang mbarep ibu padha dolan maring Cirebon. Wis lumangyan suwé ora dolan maring kutha sing kawentar karo aran Kota Udang. Mbuh kenang apa dénéng kutha kuwé keceluk karo aran Kota Udang. Ndéan ngkana-kanané, gemiyén neng kana akéh urangé pating grumut neng kali.

Inyong ngira-ira, medhék-medhék dhéwék sekang aran kutha kuwé pancén ana gandéng cenengé karo urang, merga Ci kuwé kali utawa banyu lan Rebon kuwé urang. Dadi angger degandéng artiné dadi Kali Urang, éh ningén dudu Kaliurang sing ana neng Yogyakarta loh ya. Tapi ndéan sejarahé méh padha baé, mung bédané tlatah panggonané sing séjén. Cirebon neng propinsi Jawa Barat, angger Kaliurang ana neng Daérah Istiméwa Yogyakarta.

Mobil sing desupiri Mang Yoyo, sing ésih mambu sedulur sekang mbokayu iparé inyong gleser-gleser mlaku ninggal na Ajibarang, ningén sedurungé mlaku ngalor inyong karo mbak Émy mampir maring pasar Ajibarang dipit tuku bandeng présto neng njero pasar nggo olih-olih lan debagék-bagékna karo tangga kiwa tengené umahé Kakangé.

Kurang lewih jam sewelas awan, mobilé lérén dipit neng pinggir dalan neng daérah Songgom. Arep lérén neng rest area ora kena, jéré neng kono mbokan kenang pires Corona. Kan panggonan sing cokan nggo pranti ngaso wong lelungan kuwé, anu mbuh wong endi baé padha lérén, ngaso, ngunjal ambekan, ngombé, madhang utawané nguyuh.

Désa Cikalahang, aran désané Kakangé inyong, lewih tepaté désa wutah getihé mbokayu iparé inyong, adohé kurang lewih 145 Km sekang désané inyong dhéwék. Désa sing saben dina banyuné tek ombé, nggo adus, nggo adang lan nggo liya-liyané.

Hawané neng kéné jan semromongé porr, temperaturé 36 derajat sélsius, kacék rong drajat karo neng desané inyong dhéwék ésih seger nyeessss kaya segeré ésemané prawan Salatiga sing ayu kaé.

Tilpun Android inyong moni baé, klunthang-klunthang akéh WA padha mlebu nakokna inyong lagi neng endi. Kanca sing biasa cokan ngéndong maring umah jéré wis neng ngarep umah koh dénéng sepi, kordéné tutupan lampuné ésih dikencar baé. Tek semauri baé inyong agi ndangndéng maring luar kutha éh luar désa ding.

Ya idhep-idhep ngumbah mata basa Tumiyangé kuwé refreshing kon mandan seger neng awak, éh mbok menawa ana bedané neng penguripan masa depan hahaha… kan dadi kaya paribasan nggeplék lembut siji malah kena loroné kan lumayan.

Neng Cirebon kéné, tepaté neng Désa Cikalahang inyong bisa weruh Gunung Cermé njugrug gedhé banget neng igar kidul umah. Sekulon umah katon uga bukit watu sing unggal dina watuné detambang nggo gawé ubin témpél.

Jané ana maning papan plesiran sing lumangyan mbetaih panggonané, arané Tlaga Remis. Nah, mbuh kepriwé dadiné bisa dearani Tlaga Remis, apa ndéané ganu neng kono cokan nggo dolanan sehak apa nggoné teles baé.

Angger teles baé tah ya pancén, kan dasaré neng kono anu nggon banyu. Kaya neng Patugurané ya Waduk Penjalin utawa neng Cilongoké Situ Elok. Merga anu durung bisa maring nganah ya mung tek bayangna thok. Mlaku-mlaku maring Tlaga Remis mbari rangketan tangan karo prawan ayu sing dadi kusumaning ati, héhéhéhé.

Arep crita akéh babagan Cirebon ora patia paham mbokan kesliru mengko malah merguyokna dadi ya wis cukup seméné baé crita sekang inyong sing lagi kesumuken, hawa neng kéné jan semromong banget kaya deoven. Muga-muga neng liya dina bisa crita maning klinthang-klinthung maring daérah liyané maning. Kesuwun sedulur, klilaaaan…

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Mayuh dikomentari luur..