Ora krasa awaké dhéwék wis neng taun anyar maning, taun 2021. Setaun sing nembé baé liwat kayongé gelis banget. Ujaré inyong nembé wingi kuping kiwa tengen kiyé krungu swara mrecon karo kembang api padha pating krelob maén rétung ngebeki langit.

Saben malem taun anyar, akéh wong-wong sing nguja lék-lékan nganti jam 00:00 utawané jam 12 wengi. Ora kétang mung njinggleng neng ngarep tivi, njagong neng téras ngarep umah.

Kanggo bocah-bocah nom, wong sing padha duwé dhuwit cokan padha nganakna pesta pergantian tahun; ana sing mbakar saté, gawé barbeque, ngobong mrecon, kembang api. Ora kéri maning swara slomprét pating troét ngebeki dalanan, campur bawur karo swara mercon, padha nyanyi-nyanyi, genjrang-genjréng.

Malem taun anyar kiyé séjén karo taun-taun sedurungé. Merga ana Den Mas Covid sing wis arep setaun ésih betah baé mbulet neng bumi. Mulané pemréntah nganakna peraturan supayané wong-wong kon aja padha metu, rubung-rubung karo wong akéh, kanggo ngurangi nyebaré prenyakit corona.

Oraha metu njaba jan-jané ya ora papa. Taun anyar tetep baé arep teka, tauné tetep arep ganti. Anu wis dadi adaté sih ya?

Saben malem taun anyar angger ora padha metu jublegan, mbakar saté, mbakar jagung, utawa nyuled mrecon, kembang api, ndamoni slrompét derasa-rasakna kayong ora afdol. Mung baé taun kiyé séjén banget karo taun wingi-wingi. Taun kiyé akéh pacoban, pageblug sing durung ilang-ilang.

Saben taun anyar, wong-wong padha ketungul gawéni résolusi, utawané gegayuhan sing dekarepna bisa kesembadan neng taun sing anyar kiyé. Ningén, ana sing wis kesembadan uga ana sing durung. Kabéh mau ana campur tangané Gusti sing Akarya Jagat. Mula aja nganti kendhat sekang penyuwunan.

Taun anyar kiyé kayané akéh sing penyuwunané padha, yakuwé nyuwun maring Gusti Allah kon prenyakit corona agé-agé deangkat sekang dunya.

Njaluk kon supayané bumi seisiné, menungsa-menungsané padha deparingi séhat, slamet. Negarane uga aman, tentrem. Aja padha gégoh, kerengan karo kanca batir. Wong ésih tunggal wutah getih koh énggané padha padu, mungsuhan. Apa ora kémutan nalikané jamané para pejuwang wani toh pati kanggo ngrebut kamardikan bangsa Indonesia. Bareng wis merdéka koh malah padha tukaran kaya bocah cilik.

Mula, mayuh inyong rika padha neng taun sing anyar kiyé padha sing akur, guyub rukun. Aja ketungkul rebutan barang sing muspro. Jéré kepéngin negarané makmur jibar-jibur, kenangapa awaké dhéwék malah gelut baé. Mayuh padha njagong bareng, padha ngopi-ngopi bareng, dopokan bareng.

Apa énggané ora isin dedelengna negara liya, jéré ngakuné negara sing berbudhaya, ramah, ningén kenangapa padha gampang dekompor-kompori, padha gampang deadu domba?

Wis, Kang, Yu, Mbok, Pak, lan kabéh baé kanca batir, sing  klambi abang, ijo, ireng , biru lan warna liyané sekiyé padha ndonga bareng-bareng muga-muga taun anyar kiyé lewih apik timbangané taun wingi, amin.

Tumiyang, Pekuncén, 31 Désémber 2020

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Mayuh dikomentari luur..