Hora nduwé kepénginan nggo awaké dhéwék, mangsudé kepiwé? Wong dadi menungsa merga tujuan uripé mélu njagani keseimbangan alam, nika tolih sekang jiwa karo sejatiné rasa sing sejati.

Kawit nduwé rasa kesadaran péngine, mung ya ngurangi anané gawé rugi sekang bencana alam. Sing ana mung pasrah maring sang Hyang. Ora njaluka ningén tetep bisa nggo ngamanna karo nglindungi nyawa.

Ora prelu njaluk penghargaan utawa pengakuan, merga kuwé ora deperlokna tur ya ora merlokna. Anu nggo ngapa mbok? Trus lamon olih ya nggo ngapa? Hora penting-pentingna babar blas.

Angger awéh ya awéh baé, hora usah mbaor-mbaor kiyé inyong loh. Isin tolih, wong kuwé ya hora penting. Jor baé sih sekang sejatiné rasa, bén manunggal rasa sejati.

Urip kuwé ora mung karo menungsa thok. Deéling lan desinauni, uga ana alam semesta karo isiné, kéwan, wit-witan, seliya-liyané. Mbok apa-apa detembung de pada-pada njaga. Nresnani bén ana jenengé rasa urip bareng.

Sepira kemulyaan menungsa langka sing ngerti. Alah gari nglakokna, nikmati, njalani prosés merga seneng tur gawé bombong ati. Sinau urip awéh mangfaat nggo wong akéh ya aja ngarep apa-apa.

Alah kaé sapa sing ngomong mau ya, kabéh dadi marakna nglogok kaya garan kudi. Kiyé kiyé sing mandan abot sotén, wong sing nyawang thok tur cokan nyrandu kakéan cangkem. Wis kaya kuwé ora ngerti sing deomongi apa.

Ya ora papa, wong kepéngin sugih ati, kuwat ati, tolih kaya kuwé mbok. Sing dearani wong sangar kuwé wong sing sabar. Yakuwé wong sing sabar ngalah, aja gemrungsung atiné. Malahan lewih pénak dadi wong sing slamet.

Pancén kabéh kuwé angél, ora segampang nang cangkem thok, ningén lakuné ya tetep mlaku.

Klilan..

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..